Artikel

Basa, Sastra, lan Budaya Jawa

images

Assalamualikum Wr. Wb.,  Nuwun,

Agunging pakurmatan konjuk dhumateng para rawuh, kakung sumawana putri, mirungganipun dhumateng para kadang mudha ingkang tansah manggih karaharjan. Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun ngadeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah babagan kawontenanipun budaya Jawi tumrap generasi mudha.

Para lenggah ingkang kinurmatan,

Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan  ingkang magepokan kaliyan prekawis tresna marang budaya Jawi kanthi sesirah: “Nuwuhaken raos tresna budaya Jawi tumrap generasi mudha kanthi nyinau basa, sastra tuwin budaya Jawi”. Minangka purwakaning andharan sumangga tansah ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumunturing kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Saengga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti makaten kalawau, ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal kanthi kebak ing karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubeda nir ing sambekala.

Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,

Sampun kasub bilih Ngayogyakarta menika katelah kitha pendhidhikan, ingkang tegesipun minangka papan ngangsu kawruh menggahing samukawisipun ngelmi tumrap para siswa ingkang mijil saking laladan Ngayogyakarta menapa dene kitha sanes ing wewengkon nuswantara, kepara malah wonten ingkang saking negri manca. Ngayogyakarta ugi  mujudaken kitha budaya, awit Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat minangka punjering kabudayan adiluhung Jawi ing tlatlah propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, dumugi ing samenika taksih nguri-uri adat budaya Jawi murih mekar saha ngrembakanipun. Manut ewah gingsiring jaman, kanyata samenika kathah para mudha saking laladan Ngayogyakarta piyambak ingkang sampun kesupen, nglirwakaken, kepara malah nilaraken bab basa, sastra tuwin budaya Jawa menika. Temtunipun prekawis menika dados tanggeljawab saha penggalihan kula lan panjenengan sedaya.

Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,

Kula pitados bilih para lenggah, para sutresna Jawa menika boten badhe lila menawi basa, sastra tuwin budaya Jawi menika ical kasileb ing jaman, kerem ing kahanan, kasoran dhateng budaya sanes. Sedaya menika boten cekap namung dipuneman-eman kemawon, ananging betah lampah, penggalihan, kepedulian, kawigatosan, tuwin lampah nyata ingkang kedah katindakaken magepokan kaliyan babagan menika. Kadospundi saha menapa kemawon kupiyaning kula lan panjenengan sedaya murih masyarakat Jawa, mliginipun para generasi mudha ingkang dados agul-aguling bangsa menika nresnani saha nggilut dhateng budaya Jawa?

Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,

Mangga samya nglodhangaken wekdal, nglonggaraken saha ngeningaken penggalih kagem nintingi sedaya menika. Wonten ing era globalisasi samangke, bangsa Indonesia katuntut siaga saha tanggap ing babagan menapa kemawon kalebet ewahing budaya. Bab menika boten saged kasandhet amargi budaya menika asipat dinamis, boten statis saha tansah pados wujud enggal nuting jaman kalakone, kados siklus organisme. Namung makaten, ampun ngantos budaya Jawa kanthi gampil kalindhes kepara dene kasoran dhateng budaya modhern ing era globalisasi. Ing wanci menika kathah bangsa manca ingkang sinau sarta nggilut budaya Jawi, menapa bakal kalakon ing mangke kula lan panjenengan sadaya kedah nyinau budaya Jawi ing negari manca? Mlebetipun muatan lokal basa Jawa ing pamulangan dhasar ngantos menengah menika panci salah satunggaling kupiya kagem nyembadani perkawis icalipun budaya Jawa. Siswa dipunwulang wuruk babagan basa, sastra tuwin budaya Jawa kanthi pangajab sageda nuwuhaken raos tresna, andarbeni saha angrungkebi dhateng budayanipun piyambak. Sedaya punika betah metode saha cara ingkang cocog dhateng jiwaning para mudha, boten kedah lugu, lugas lan mlaha menapa wontenipun. Langkung betah variasi, kombinasi, kolaborasi, saha eksperimen kagem mujudaken sedayanipun. Dene asilipun boten nguciwani, katitik saking kegiyatan-kegiyatan budaya, taksih kathah para mudha ingkang purun nyartani. Kadosta ing pentas drama Jawa, karawitan, kolaborasi etnik-modhern, beksan, macapat, kethoprak, lan sanes-sanesipun.

Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,

Modhernisasi saha globalisasi panci nuwuhaken perkawis ingkang manekawarni. Sinten ingkang boten siaga badhe kalindhes tuwin kasoran, wondene ingkang siaga bakal katon manjila. Trep kaliyan kahanan ing jaman sapunika, kula lan panjenengan sedaya kedah angulah lantiping budi, eling, saha emut  kados pangandikanipun KGPAA Mangkunegara IV ingkang sinerat wonten ing serat Wedhatama  pupuh Kinanthi menika:

Mangka kanthining tumuwuh

salami mung awas eling

eling lukitaning alam

dadya wiryaning dumadi

supadi nir ing sangsaya

yeku pangreksaning urip

marma den taberi kulup

angulah lantiping ati

rina wengi den anedya

pandak panduking dumadi

mbengkas kahardaning driya

supaya dadya utami

upamane wong lumaku

marga gawat den liwati

lamun kurang ing pangarah

sayekti karendhet ing ri

apese kesandhung padhas

babak bundhas anemahi

Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,

Makaten ingkang saged kula aturaken lan mbokbilih kathah atur ingkang boten nujuprana saestu kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami panjenengan sadaya. Nuwun, maturnuwun.

Wassslamualaikum Wr. Wb.

Diskusi

Belum ada komentar.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Kategori

Flag Counter
%d blogger menyukai ini: